Sony Xperia Z2 - Setelan kamera umum

background image

Setelan kamera umum

Mode jepretan

Super otomatis

Optimalake setelan supaya cocog ing kabeh sesawangan.

Manual

Atur setelan kamera kanthi manual.

Video 4K

Ngrekam video karo definisi ultra dhuwur 4K.

Timeshift video

Rekam video laju bingkai dhuwur lan trapake efek obah alon.

Defokus latar

Buremake latar mburi foto supaya subjek sampeyan katon luwih jelas.

Efek AR

Jepret foto utawa video nganggo sesawangan lan karakter virtual.

Efek kreatip

Trapake efek nyang foto utawa video.

Timeshift burst

Golek foto paling apik saka akeh gambar.

Sapuan Panorama

Jepret foto sudhut amba lan panorama.

Gambar panyisipan rupa

Jepret foto nganggo kamera ngarep lan mburi bebarengan.

Sawetara kamera

100

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Rekam sesawangan sing padha saka sawetara sudhut ing sak layar.

Sound Photo

Jepret foto karo swara latar mburi.

AR lucu

Puter ing kamera panlusur tilikan karo objek virtual lan ngapiki foto utawa video.

Kanggo sinau liyane bab cara njupuk foto sing luwih apik, bukak

www.sonymobile.com/support/

.

Ngoper antarane mode motret

1

Penet terus tombol kamera.

2

Usap layar menyang mode motret sing dipengini.

Otomatis superior

Mode otomatis superior ndheteksi kahanan nalika sampeyan motret lan otomatis

ngepasake setelan saengga sampeyan bisa mesthi oleh asil potret sing apik.

Resolusi paling dhuwur sing didhukung mode otomatis Superior ya iku 8MP. Yen sampeyan

arep njupuk foto nganggo resolusi sing luwih dhuwur, gunakkake mode

Manual.

Mode manual

Gunakake mode Manual yen sampeyan arep ngepasake setelan kamera sacara manual

kanggo motret lan ngrekam video.

Efek AR

Sampeyan bisa nerapake efek (augmented reality/realitas tambahan) menyang potret

supaya luwih nyenengake. Nalika nggunakake kamera, setelan iki ngijini sampeyan

nggabungake pemandangan 3D menyang foto utawa video. Pilih sesawangan sing

dikepengini lan setel panggonane ing jendela bidik.

Efek Kreatif

Sampeyan bisa ngetrapake maneka efek ing foto utawa video sampeyan. Contone,

sampeyan bisa nambah efek Nostalgia kanggo nggawe foto katon lawas utawa efek

Sketsa kanggo foto sing katon luwih nyenengake.

Sweep Panorama

Sampeyan bisa njupuk potret sudhut amba lan panorama saka arah horisontal utawa

vertikal ing gerakan gampang penet-lan-Sapuan.

Njupuk potret panorama

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

3

Kanggo milih arah motret, tutul

.

4

Pencet tombol kamera banjur pindhah kamera alon lan kanthi ajeg menyang arah

saka gerakan dituduhake ing layar.

Timeshift burst

Kamera njupuk gambar akeh nganti 61 potret ing jendhela rong detik – sak detik

sadurunge lan sawise sampeyan menet tombol kamera. Mulane sampeyan bisa bali lan

golek gambar sing paling apik.

101

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggunakake Timeshift burst

1

Aktifake kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

3

Potret. Foto sing dijupuk muncul ing tampilan gambar cilik.

4

Gulung antarane gambar cilik lan pilih poto sing pengin sampeyan simpen, banjur

tutul .

Video Timeshift

Sampeyan bisa ngrekam video mawa kacepetan bingkai dhuwur nganti 120 bingkai per

detik banjur ngetrapake efek supaya sampeyan bisa muter maneh sebageyan utawa

kabeh bageyan video ing gerakan alon.

Mode defokus latar mburi

Gunakake efek latar mburi burem saka kamera supaya subjek sampeyan katon luwih

jelas lan cetha yen dibandingake karo latar mburine. Ing mode Defokus latar mburi,

kamera njupuk rong foto, namtokake latar mburi banjur mburemake latar mburi lan njaga

supaya subjek tansah jelas lan dadi fokus – kaya motret nganggo kamera SLR digital.

Sampeyan bisa milih saka telung variasi burem sing beda lan ngatur tingkat bureme ing

tampilan pratinjau.

Face in picture

Sampeyan bisa nganggo mode Face in picture kanggo nguripake kamera ngarep lan

kamera utama kanthi bareng, supaya sampeyan bisa motret sampeyan dhewe karo

subjek foto.

Mode multi kamera

Mode multi kamera ngidini sampeyan motret foto sing nggabungake gambar saka rong

sudhut lan piranti beda. Sampeyan ndeleng rong gambar ing jendela bidik kamera piranti

- siji saka kamera sampeyan lan sijine saka piranti Xperia™ sing disambungake utawa

kamera Sony sing ndhukung teknologi NFC lan Wi-Fi Direct™. Sampeyan banjur bisa

ngowahi sing katon ing jendela bidik sadurunge motret.
Dadi yen sampeyan ana ing panggonan konser, misale, lan sampeyan pengin motret foto

sing nggabungake gambar band saka siji sudut lan pamirsa saka sudut liyane, sampeyan

bisa nganggo mode Multi kamera kanggo efek paling apik.
Sampeyan bisa nyiyapake mode MUlti kamera nganggo NFC, sing masangake rong

piranti kasebut nganggo teknologi Wi-Fi Direct™.

Ngunakake mode Akeh kamera

1

Uripake fungsi NFC ing piranti sing pengin sampeyan sambungake.

2

Aktifake kamera ing piranti.

3

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur pilih .

4

Ing layar kaloro piranti, tutul .

5

Demek area deteksi NFC sawiji piranti menyang liyane. Kaloro piranti saiki mestine

nyambung nganggo teknologi Wi-Fi Direct™.

6

Sawisi piranti nyambung, gambar loro bakal katon ing jendhela bidik piranti – siji

saka jendhela bidik kamera sampeyan lan liyane saka jendhela bidik piranti sing

disambungake.

7

Kanggo ngowahi gambar ing jendhel bidik, tutul

.

8

Owahi gambar kaya sing dikarepake. Contone, sampeyan bisa tutul terus gambar

lan seret menyang pinggir liyane jendhela bidik kanggo nggenti urutan.

9

Yen sampeyan wis rampung ngowahi lan siap motret gambar gabungan terakir,

tutul

Rampung > .

Ngundhuh aplikasi kamera

Sampeyan bisa ngundhuh aplikasi kamera sing gratis utawa sing mbayar saka Google

Play™ utawa liyane. Sadurunge wiwit ngundhuh, pesthekake sampeyan nduweni

sambungan Internet aktif, luwih apik liwat Wi-Fi kanggo matesi prabeya kiriman data.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngundhuh aplikasi kamera

1

Bukak aplikasi kamera.

2

Usap layar kanggo pindhah menyang

, banjur tutul .

3

Pilih aplikasi sing pengin sampeyan undhuh, lan tindhakake instruksi kanggo

ngrampungake instalasi.

Bukak cepet

Gunakake setelan Bukak cepet kanggo mbukak kamera nalika layar dikunci.

Mung bukak

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera nalika layar dikunci kanthi menet terus tombol

kamera.

Bukak lan jupuk

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan motret kanthi otomatis nalika layar dikunci

kanthi menet terus tombol kamera.

Bukak lan rekam video

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan ngrekam video nalika layar dikunci kanthi

menet terus tombol kamera.

Mati

Simpen panggonan

Tambah katrangan geografis panggonan (geotag) menyang foto nalika dijepret.

Motret tutul

Tamtokake area fokus, banjur tutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk sanalika

sampeyan ngangkat driji.

Swara

Pilih arep nguripakake utawa mateni swara kamera nalika sampeyan njupuk potret.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Simpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

Blok Tutul

Sampeyan bisa mateni layar tutul supaya ora bisa ditutul kanthi ora sengaja nalika

nganggo kamera.

Imbang putih

Setelan sing mung kasedhiya ing mode motret

Manual iki ngatur imbangan werna

miturut kondisi cahya. Setelan iki uga ngidini sampeyan ngatur cahya kanthi manual

mulai -2,0 EV nganti +2,0 EV. Misale, sampeyan bisa nambah pepadhange gambar

utawa nyuda cahya sakabehe kanthi nutul kontrol plus utawa minus nalika lambang

setelan imbang putih ditampilake.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

103

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Fluoresensi

Nyetel imbangan warna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan warna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan warna kanggo langit mendhung.