Sony Xperia Z2 - Nampa telpon

background image

Nampa telpon

Yen sampeyan nampa telpon mlebu nalika piranti ing mode ngaso utawa layar kekunci,

apliaksi telpon mbukak ing format layar utuh. Yen sampeyan nampa telpon mlebu nalika

layar aktif, telpon mlebu ditampilake minangka kabar dhisik, artine, ing jendhela cilik sing

ngambang ing dhuwur saka layar apa wae sing mbukak. Nalika ana kabar kaya ngene,

sampeyan bisa milih njawab telpon lan mbukak layar aplikasi telpon, utawa sampeyan

nolak telpon lan tetep ing layar saiki.

Njawab telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret nengen.

Njawab telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar dhisik sing katon ing dhuwure layar, tutul

JAWAB.

Tinimbang njawab telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

bagian dhuwur jendela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan sing luwih

akeh kanggo nangani telpon. Contone, sampeyan bisa mutusi nolak telpon kanthi pesen

utawa nerusake telpon menyang mesin penjawab.

Nolak telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret ngiwa.

Nolak telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar sing katon dhisik ing dhuwure layar, tutul

TOLAK.

Tinimbang nolak telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

bageyan ndhuwur jendhela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan sing luwih

akeh kanggo nangani telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpon karo pesen.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Nggunakake mesin panjawab

Sampeyan bisa nggunakake aplikasi mesin panjawab kanggo njawab telpon nalika sibuk

utawa ora bisa njawab telpon. Sampeyan bisa ngaktifake fungsi njawab otomatis lan

nemtokake pirang detik wektune ngenteni sadurunge telpon dijawab otomatis.

Sampeyan uga bisa sacara manual ngarahake telpon menyang mesin panjawab nalika

sibuk banget lan ora bisa njawab. Lan sampeyan bisa langsung ngakses pesen sing keri

ing mesin panjawab saka piranti.

Sadurunge nganggo mesin panjawab, sampeyan kudu ngrekam pesen uluk salam.

71

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngrekam uluk salam kanggo mesin panjawab

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Salam.

3

Tutul

Rekam salam anyar lan turuti prentah ing layar.

Ngaktifake jawab otomatis

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Seret panggeser ing jejere

Mesin Panjawab menyang tengen.

Yen sampeyan ora nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis telpon, wektu gawan

bakal dianggo.

Nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Tutul

Angkat sawise.

4

Atur wektu kanthi nggulung munggah mudhun.

5

Tutul

Rampung.

Nerusake telpon mlebu menyang mesin panjawab

Nalika ana telpon mlebu, seret munggah

Opsi tanggepan banjur pilih Tolak

nganggo Mesin Panjawab.

Nalika ana telpon mlebu, sampeyan uga bisa ngenteni nganti wektu tundha sing disetel

sadurunge wis kliwat supaya mesin panjawab ngangkat telpon kasebut kanthi otomatis.

Ngrungokake pesen ing mesin panjawab

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Pesen.

3

Pilih pesen swara sing arep sampeyan rungokake.

Sampeyan uga bisa ngrungokake langsung pesen mesin panjawab saka log telpon kanthi

nutul .

Nolak telpon nganggo sms

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms Nalika nolak telpon nganggo sms kaya

mengkono, pesen dikirim otomatis menyang panelpon lan disimpen ing obrolan

Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa

nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi

saka sing ana ing setelan.

Nolak telpon nganggo pesen sms

1

Nalika ana telpon mlebu, seret munggah

Opsi tanggepan banjur tutul Tolak

nganggo pesen.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

Nolak telpon nganggo pesen sms nalika layar aktif

1

Nalika ana telpon mlebu, tutul bageyan ndhuwur jendhela kabar sing ngambang

ing panggonane nomer telpon utawa jeneng kontak.

2

Tutul

Opsi tanggepan.

3

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Nolak telpon liya sajroning telpon nganggo pesen sms

1

Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, seret

Tolak nganggo pesen

munggah.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

72

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngowahi sms sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temoakke banjur tutul

Setelan > Telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.

4

Tutul

OK.