Sony Xperia Z2 - Akun pangguna akeh

background image

Akun pangguna akeh

Piranti sampeyan ndhukung akun pangguna akeh supaya pangguna liyane bisa login

dhewe-dhewe menyang piranti banjur nggunakake. Akun pangguna akeh cocog kanggo

kahanan yen sampeyan nganggo bareng piranti sing padha karo wong liya utawa

nyilihake piranti menyang wong kanggo digunakake sementara. Pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti dadi pamilik piranti. Mung pamilik sing bisa ngatur akun

pangguna liyane. Sakliyane akun pemilik, ana rong jinis akun sing beda:

Pangguna Reguler: Jinis akun iki cocog kanggo wong sing biasane nganggo piranti

sampeyan.

Pangguna Tamu: Ngidini opsi akun tamu kanggo wong sing mung pengin nganggo

piranti sampeyan sementara.

Sawetara fitur mung kasedhiya kanggo pamilik. Misale, mung pangguna sing bisa ngidini

undhuhan sama sumber sakliyane Google Play™.

61

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Babagan akun Pangguna Reguler

Kanthi nambah akun Pangguna Reguler, sampeyan bisa ngidini akeh pangguna nduweni

maneka layar ngarep, wallpaper, lan setelan umum sing beda-beda. Kabeh pangguna

kasebut uga entuk akses dhewe-dhewe menyang aplikasi lan panyimpenan memori

kanggo file kayata musik lan foto. Sampeyan bisa nambahake telung akun pangguna

reguler ing piranti.

Nambahake akun pangguna reguler

1

Pesthekake yen sampeyan wis login minangka pamilik, yaiku, pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tambah pangguna.

4

Tutul

OK. Akun anyar wis digawe.

5

Tutul

SETEL SAIKI. Kunci layar lan lambang sing nuduhake pangguna sing bubar

ditambahake muncul ing pojok kanan ndhuwur.

6

Bukak kunci layar nalika nggeser mendhuwur.

7

Eloki patunjuk ing layar kanggo nyetel akun kanggo pangguna anyar.

Yen ana wong sing nganggo akun anyar arep nyetel akun nanging saiki ora bisa, sampeyan

bisa nutul

ORA SAIKI ing jangkah 5. Nalika pangguna wis siyap, dheweke bisa milih

Pangguna ing ngisore Setelan lan ndeleng akun anyar, sing katon minangka Pangguna anyar.

Mung tutul akun kasebut lan eloki patunjuk kanggo ngrampungake panyetelan.

Sampeyan uga bisa nambahake akun pangguna reguler saka garis status ing layar ngendi

wae. Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan tutul lambang pangguna, banjur

tutul

Tambah pangguna.

Ngidini pangguna reguler nelpon

1

Pesthekake sampeyan mlebu minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere jeneng pangguna sing cocog, banjur seret panggeser ing jejere

Uripake telpon menyang tengen.

Mbusak akun pangguna reguler saka piranti

1

Pesthekake sampeyan mlebu minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere jeneng pangguna sing arep dibusak, banjur tutul

Busak

pangguna > Busak.

Babagan akun Pangguna Tamu

Yen ana sing pengin nganggo piranti sampeyan sementara, sampeyan bisa ngaktifake

akun tamu kanggo pangguna iki. Ing mode tamu, piranti sampeyan diwiwiti kaya sistem

sing anyar diinstal mung ditambah aplikasi sing wis diinstal sadurunge. Yen tamu wis

rampung nganggo piranti, sampeyan bisa mbusak sesi kasebut nganti resik supaya tamu

sawise bisa miwiti kanthi seger. Akun pangguna tamu wis diinstal sadurunge lan ora bisa

dibusak.

Ngaktifake akun pangguna tamu

1

Pesthekake yen sampeyan wis login minangka pamilik, yaiku, pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tamu.

Sampeyan uga bisa ngaktifake akun pangguna tamu saka garis status ing layar ngendi wae.

Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah tamu.

62

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngidini pangguna tamu nelpon

1

Pesthekake sampeyan login minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere

Tamu, banjur seret panggeser ing jejere Uripake telpon

menyang tengen.

Mbusak data sesi tamu

1

Pesthekake sampeyan mlebu nyang akun tamu.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Golek banjur tutul

Busak tamu.

5

Tutul

Busak.

Sampeyan uga bisa ngresiki sesi tamu saka garis status ing layar apa wae minangka

sampeyan mlebu nyang akun tamu. Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan

tutul lambang pangguna, banjur tutul

Busak tamu.

Ngalih antara akeh akun pangguna

Ngalih antara akeh akun pangguna

1

Kanggo ndeleng dhaptar pangguna, seret garis status mudhun nganggo rong driji,

banjur tutul lambang pangguna ing sisih ndhuwur tengen layar.

2

Tutul lambang sing nuduhake akun pengguna sing arep dienggo ngalih. Layar

kemunci kanggo akun pangguna kuwi muncul.

Yen sampeyan ngalih menyang akun tamu, tutul

Wiwiti maneh yen sampeyan pengin mbusak

sesi sadurunge utawa tutul

Ya, terusake kanggo nerusake sesi sadurunge.

Saben pangguna bisa nemtokake layar kemuncine dhewe. Deleng

Kunci layar

ing kaca 12.

Setelan akun pangguna akeh

Ana telung jinis setelan ing piranti mawa pangguna akeh:

Setelan sing bisa digenti karo kabeh pangguna lan mengaruhi kabeh pangguna. Contone

basa, Wi-Fi®, Wi-Fi, mode Pesawat, NFC, lan Bluetooth®.

Setelan sing mung mengaruhi siji akun pangguna. Contone panylarasan data otomatis,

kunci layar, maneka akun sing ditambahake, lan wallpaper.

Setelan sing mung bisa dideleng pamilik lan mengaruhi kabeh pangguna, misale, setelan

VPN.