Sony Xperia Z2 - Setelan aplikasi

background image

Setelan aplikasi

Sawetara aplikasi bakal njaluk ijin sawise mulai gunakake. Sampeyan bisa idini utawa

tolak ijin kanggo saben-saben aplikasi, saka menu Setelan utawa saka dialog konfirmasi

Ijin. Ketentuan ijin gumantung karo desain aplikasi.

Ngidini utawa nolak ijin

Sampeyan bisa milih arepe ngidini utawa nolak ijin nalika dialog dituduhake. Yen

sampeyan wis gunakake versi Android sadurunge, akeh aplikasi sing wis diwenehi ijin

sing dibutuhake.

Menehi ijin

1

Kanggo menehi ijin, tutul

Idinake.

2

Nalika dialog konfirmasi katon kapindho, sampeyan bisa milih

Aja takon maneh

yen gelem.

3

Dialog uga bakal nerangake sebabe aplikasi butuh ijin lan gunane kanthi khusus.

Kanggo ngilangi dialog iki, tutul

OKE.

Nolak ijin

Kanggo nolak ijin, tutul

Tolak nalika dialog katon.

Sawetara aplikasi isih bisa digunakake senajan sempeyan nolak ijin.

57

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ijin penting

Sawetara ijin sipate wajib kanggo aplikasi supaya bisa dioperasiake kaya karepe. Ing

kasus kaya mengkene, dialog bakal menehi weruh sampeyan.

Menehi ijin penting

1

Kanggo menehi ijin, tutul

Terus > Info aplikasi > Idin.

2

Goleki ijin penting sing sampeyan butuhake.

3

Seret tandha geser ing jejere nengen.

Sampeyan uga bisa ngatur ijin ing

Setelan > Aplikasi. Tutul aplikasi lan genti ijin kaya sing

dikarepake.

Ngatur aplikasi

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi > .

3

Pilih opsi pengaturan, contone

Idin aplikasi, banjur pilih aplikasi sing pengin diatur.

Nyambungake aplikasi

Piranti sampeyan bisa nemtokake aplikasi gawan kanggo nangani sambungan web

tartamtu. Artine yen sambungan wis diatur, sampeyan ora perlu milih apliaksi saben

mbukan sambungan. Sampeyan bisa genti aplikasi gawan kapan wae pengin.

Ngatur sambungan aplikasi saka menu Setelan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Tutul lan golek

Tautan aplikasi.

4

Pilih aplikasi sing pengin diatur sambungan dhukungane.

5

Setel properti

Tautan aplikasi dadi opsi Bukak ing aplikasi iki.