Sony Xperia Z2 - Ringkesan aplikasi

background image

Ringkesan aplikasi

Gunakake aplikasi Jam kanggo nyetel maneka weker.

Gunakake peramban web kanggo navigasi lan ndeleng kaca web, ngatur tenger,

teks lan gambar.

Gunakake aplikasi Kalkulator kanggo nindakake etung-etungan.

Gunakake aplikasi Tanggalan kanggo tetep nglacak acara lan ngatur janjian.

Gunakake aplikasi Kamera kanggo motret lan ngrekam video klip.

Gunakake aplikasi Kontak kanggo ngatur nomer telpon, alamat email, lan

katrangan liyane sing gegandhengan karo kontak.

Gunakake aplikasi Undhuhan kanggo ngakses riwayat undhuhan peramban.

Gunakake aplikasi Email kanggo ngirim lan nampa email liwat akun pribadhi lan

perusahaan.

Gunakake aplikasi Facebook™ kanggo melu jaringan sosial karo kanca-kanca,

anggota keluwarga, lan kolega sak donya.

Gunakake aplikasi radio FM kanggo njlajah lan ngrungokake stasiun radio FM.

Gunakake aplikasi Album kanggo ndeleng, ngowahi, lan ngandum foto lan video.

Gunakake aplikasi Gmail™ kanggo maca, nulis, lan ngatur pesen email.

Gunakake aplikasi Google kanggo nlusuri piranti lan web..

Gunakake aplikasi Google Maps kanggo ndeleng panggonan saiki, nemokake

panggonan liya lan ngetung rute.

Gunakake aplikasi Play Store™ kanggo ngundhuh aplikasi gratis lan mbayar

kanggo piranti.

Gunakake aplikasi Olahpesen kanggo ngirim lan nampa pesen teks lan

multimedia.

Gunakake aplikasi Video kanggo muter video ing piranti lan ngandum konten

karo kanca.

Gunakake aplikasi Musik kanggo ngatur lan muter lagu, buku audio, lan podcast.

Gunakake aplikasi Warta & Cuaca kanggo maca warta lan mriksa ramalan

cuaca.

Gunakake aplikasi Telpon kanggo nelpon kanthi mencet nomer manual utawa

kanthi nggunakake fungsi mencet nomer pinter.

Gunakake aplikasi Setelan kanggo nylarasake setelan telpon.

Gunakake aplikasi Hangouts™ kanggo ngobrol karo kanca online.

33

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Gunakake aplikasi TrackID™ kanggo ngenali trek lagu sing keprungu lagi diputer

ing sakcedhake sampeyan, lan njupuk info artis, album, lan info liyane.

Gunakake aplikasi YouTube™ kanggo ngandum lan ndeleng video saka ngendi

wae ing donya.

Gunakake aplikasi Serep lan pamulihan kanggo nggawe serep utawa mulihake

isi ing piranti, kayata kontak, pesen teks, tetenger, tanggal data, lsp.

Gunakake aplikasi Smart Connect™ kanggo nyetel apa sing kedadeyan ing

piranti nalika sampeyan nyambung utawa medhot aksesori.

Xperia™ Movie Creator otomatis nggawe video cendhak kira-kira 30 detik

dawane nganggo foto lan video sing ana. Aplikasi iki kanthi otomatis nemtokake

warangka wektu kanggo nggawe film.

Gunakake aplikasi Lifelog kanggo nyathet prastawa urip sampeyan saben dina

kanthi otomatis. Misale, sampeyan bisa nyetel tujuan lan nglacak perkembangan

nalika mujudake tujuan kasebut utawa nengeri prastawa istimewa.

Gunakake aplikasi Dhukungan kanggo ngakses dhukungan pangguna ing

piranti. Contone, sampeyan bisa ngakses Patunjuk pangguna, informasi cara

ngatasi masalah, uga kiyat lan trik.

Sawetara aplikasi ora didhukung utawa kadhaptar dening kabeh jaringan lan/utawa

panyedhiya layanan ing kabeh wilayah.

34

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.